Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 105:22-39 Kitab Sutji (JAV)

22. diparengake ngereh para panggedhe abdine Sang Prabu sakarsane piyambak,sarta memulang kawicaksanan marang para tetuwane.

23. Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir,lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham.

24. Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar,kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;

25. atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah,sarta abdine padha dipitenah.

26. Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine,lan Imam Harun pepilihane.

27. Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe,sarta mukjijat ana ing tanah Kham.

28. Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng,nanging padha mbangkang marang pangandikane;

29. banyune kasabdakake malih dadi getih,sarta iwake padha dipateni.

30. Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane,malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.

31. Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak,lan lemud-lemud ing satanah kabeh;

32. Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono,lan geni kang mulad-mulad ing negarane;

33. wit anggur lan anjir padha karubuhake,lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.

34. Gusti Allah ngandika, banjur ana walang,lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,

35. banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane,sarta ngganyang sapametuning palemahane.

36. Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane,wohing kekuatane kang kawitan.

37. Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas,lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia.

38. Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah,amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh.

39. Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate,tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.

maca bab lengkap Jabur 105