Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 105:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Nuli dikarsakake dadi lelurahing kadhatone,lan tinanggenah mengku apa sakagungane Sang Prabu kabeh,

22. diparengake ngereh para panggedhe abdine Sang Prabu sakarsane piyambak,sarta memulang kawicaksanan marang para tetuwane.

23. Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir,lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham.

24. Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar,kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;

25. atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah,sarta abdine padha dipitenah.

26. Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine,lan Imam Harun pepilihane.

27. Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe,sarta mukjijat ana ing tanah Kham.

28. Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng,nanging padha mbangkang marang pangandikane;

29. banyune kasabdakake malih dadi getih,sarta iwake padha dipateni.

maca bab lengkap Jabur 105