Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 105:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Nalika cacahe durung sapiraa,mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono.

13. Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine,saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine;

14. Panjenengane ora marengake yen ngantia padha dianiaya dening sapa-sapaa,para ratu padha diukum marga saka dheweke kabeh;

15. pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe,lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”

16. Nalika Panjenengane ndhatengake pailan ana ing nagara kono,lan sakehe tandhon pangan disirnakake,

17. banjur ana wong kang kautus ndhisiki dheweke kabeh:Yusuf kang kaedol dadi batur tukon.

18. Sikile dibelok,gulune rinante ing wesi,

19. nganti tumeka ing titimangsane pangandikane kelakon,sarta pancasaning Yehuwah mbenerake dheweke.

maca bab lengkap Jabur 105