Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 9:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Sabab sanadyan padha oncat saka ing karusakan,bakal diklumpukake ana ing tanah Mesirlan Memfis bakal ngubur wong-wong mau;barang-barange kang arupa salaka kang akeh ajine bakal katutupan suket,lan tarube padha kathukulan lateng.

7. Wus tumeka ing dinaning paukuman,wus tumeka ing dinaning pamales,Israel bakal ngalami,“Nabi iku wong gemblung,wong kang kapenuhan ing roh, iku owah!”,marga saka gedhene kaluputaniralan marga saka bangete anggonira memungsuhan.

8. Efraim, umate Allahku, iku lagi ndingkik marang nabi,sarta ing saurute dalane dipasangi jaringe wong mikat manuk,dalasan ing padalemane Gusti Allahe ana memungsuhan.

9. Ala banget pokale wong-wong ikukaya kang kelakon ana ing Gibea.Pangeran bakal enget marang durakanelan dosane wong-wong iku bakal kaukum.

10. AnggoningSun biyen mrangguli Israelkayadene woh anggur ing pasamunan;anggoningSun mirsani para leluhurira,kaya pametune kawitan woh anjir.Nanging iku banjur padha marani Baal-Peorsarta ngabekti marang dewaning kanisthan,satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.

11. Kaluhurane Efraim mabur kaya manuk,ora ana kang nglairake,kang meteng lan kang ngandheg!

12. Sanadyan padha ngopeni anak-anake nganti gedhe,mesthi Sundadekake ora duwe anak,satemah ora ana manungsa maneh.Lah, bilai uga wong-wong ikusamangsa wus padha Suntilar!

13. Sunpirsani Efraim wus ndadekake anak-anake padha dadi kewan buron;Efraim kapeksa ngulungake anak-anake marang juru panumpes.

14. Dhuh Yehuwah, bangsa punika mugi kaparingana, --badhe Paduka paringi punapa? --Kaparingana wetengan ingkang gabug,sarta susu ingkang kisut.

15. Sakehe pialane kelakon ana ing Gilgal;lan ing kana anggoningSun katuwuhan sengit marang wong-wong iku.Marga saka alaning panggawe-panggawenebakal padha Suntundhung saka ing padalemaningSun.Ingsun ora bakal asih maneh marang wong-wong iku;para panggedhene iku pemberontak kabeh.

16. Efraim wus kagebug,oyode wus dadi garing,bakal padha ora metokake woh;malah sanadyan padha nglairna anak pisan,wohing wetengane kang dinama-dama iku bakal Sunpateni.

17. Bakal padha katundhung dening Allahku,marga ora padha ngrungokake marang Panjenengane,mulane bakal padha nglembara ana ing antarane para bangsa.

maca bab lengkap Hosea 9