Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 14:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.

6. Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel,dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung,lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.

7. Pang-pange padha sumrambah,sarta endahe kaya wit jaitun,lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.

8. Wong-wong mau bakal padha balilan manggon ing pangayomaningSun,lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum;sarta bakal padha kembang kaya wit anggur,kang misuwur kaya anggur ing Libanon.

9. Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun?Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira!Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo,saka Ingsun anggonira oleh woh.

10. Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh;sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku;marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng,lan diambah dening para wong mursid,nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.

maca bab lengkap Hosea 14