Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 13:8-14 Kitab Sutji (JAV)

8. Ingsun ngrawuhi wong-wong iku kaya bruwang wadon kang kelangan anak,Sunsuwek-suwek dhadhane.Sunmangsa ana ing kono, kaya singa,banjur bakal kaowol-owol dening sato galak ing ara-ara.

9. He Israel, Ingsun bakal nyirnakake sira,sapa kang bisa mitulungi sira?

10. Ratumu ana ngendi ta,kang banjur mitulungi sira,lan para pangarepira kang nuli menehi kaadilan marang sira,heh, sira kang ngucap: “Kula mugi kaparinganaratu kaliyan pangageng-pangageng?”

11. Sira Sunparingi ratu sajroning bebenduningSun,sarta kang Sunpundhut sajroning bramatyaningSun.

12. Durakane Efraim kabuntel,dosane disimpen.

13. Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair,nanging dheweke iku anak kang tanpa budi,awit anggone obah ora ngetrepi wektune,bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.

14. Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati,utawa Suntebus saka ing pati?Heh pati, ana ing ngendi pageblugira,he jagade wong mati,ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak?Ing paningalingSun ora ana kawelasan.

maca bab lengkap Hosea 13