Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hosea 12:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Efraim iku njaga angin,lan mburu angin wetan sedina muput,ngakehake tindak cidra lan panganiaya,padha gawe prajanjian karo Asyur,lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.

3. Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.

4. Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.

5. Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:

6. -- Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,kang asma Yehuwah. --

7. “Sira iku kudu mratobat marang Allahira,netepana katresnan lan angger-angger,sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”

8. Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,lan kang seneng memeres,

9. pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih,wus oleh raja-brana.Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputankang ateges dosa tumrap aku.”

10. Nanging Ingsun iki Yehuwah,Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir.Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub manehkaya ing dina-dina riyaya.

11. Ingsun mangandikani para nabi,sarta wus paring wahyu bola-baliapadene paring pasemon lumantar para nabi mau.

maca bab lengkap Hosea 12