Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:18-24 Kitab Sutji (JAV)

18. Ingsun wus nggebag marang sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh sarta kalawan udan krikil sakehe gegaweaning tanganira, ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

19. Padha nggatekna wiwit dina iki lan sateruse --, wiwit sasi kasanga tanggale ping patlikur; wiwit dinane Padalemane Yehuwah kapasangan pondhamen. Padha nggatekna

20. apa ing lumbung isih ana winihe? Karodene wit anggur lan wit anjir, wit dlima lan wit jaitun, apa padha dhurung awoh? Wiwit ing dina iki Ingsun bakal paring berkah.”

21. Mbeneri ing sasi iku tanggal kaping patlikur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Hagai kang paing pindhone, surasane:

22. “Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,

23. sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane.

24. Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing dina iku, he Zerubabel bin Sealtiel abdiningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sira bakal Sunpundhut, Sundamel kaya upamane ali-ali cap; sabab sira kang Sunpilih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.”

maca bab lengkap Hagai 2