Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 2:3-15 Kitab Sutji (JAV)

3. Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.

4. Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.

5. Wong kang gumunggung lan umuk, iku mesthi ora bisa lestari; iku ngangapake cangkeme kaya jagading wong mati, lan ora bisa wareg-wareg kaya si pati, nganti sakehe suku bangsa padha diklumpukake lan sakehe bangsa padha digiring menyang ing ngarepe.”

6. Kabeh mau rak bakal padha ngucapake bebasan ing ngatase dheweke, sarta lagu pangerang-erang tuwin padha nyemoni mangkene: Bilai wong kang ngrayud kang dudu duweke, -- nganti pira lawase iku? -- lan kang ngemoti barang gadhen pirang-pirang marang awake dhewe?

7. Rak bakal kanthi dadakan anggone ana wong-wong kang padha ngadeg lan nyakot sira, lang kang padha tangi sarta ngagetake sira, satemah sira banjur dadi bandhangane?

8. Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.

9. Bilai wong kang ngarah bathi kang ora bakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.

10. Sira wus ngrancang kawirangan tumrap kulawarganira, yaiku nalika sira duwe karep arep numpes bangsa akeh; kalawan mangkono sira wus kelangan nyawanira.

11. Marga watu-watu padha sambat saka ing tembok, sarta balok nyauri saka ing balunganing omah.

12. Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng kalawan tindak kang ora adil.

13. Lah rak saka karsane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah, anggone para bangsa padha ora ngetung sayah ngupaya geni, sarta para suku bangsa anggone banget-banget padha nggayuh kang tanpa guna?

14. Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.

15. Bilai wong kang menehi ngombe marang pepadhane kalawan nepsu, marang digawe mendem, supaya weruh kawirangane.

maca bab lengkap Habakuk 2