Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 9:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Bareng wayah kurban sore iku aku banjur ngadeg saka enggonku nyiksa awakku, sarta jengkeng kanthi isih nganggo sandhanganku kang suwek lan ngegarake tanganku marang Sang Yehuwah Allahku,

6. lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.

7. Wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi ing dinten punika kalepatan kawula ageng, lan jalaran saking dosa kawula, kawula sadaya, para ratu kawula tuwin para imam kawula sami kaulungaken dhateng para ratu ing tanah ngamanca, dhateng pangwaosing pedhang, dhateng pambucalan saha sami kajarah rayah tuwin sami karemehaken wonten ing ngajenging tiyang kathah, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika.

8. Lan ing samangke, saweg kemawon kawula sami ngraosaken sih-palimirma paringipun Sang Yehuwah Gusti Allah kawula, ingkang nilari kawula tiyang ingkang sami oncat, saha maringi papan padunungan wonten ing panggenan ingkang suci, satemah mripat kawula sami kadadosaken padhang dening Gusti Allah, sarta kawula sami kaparingan lega sakedhik ing salebetipun pangawulan kawula.

9. Amargi sanadyan kawula sami kaabdekaken, ewadene salebetipun pangawulan punika, Gusti Allah kawula boten ngantos negakaken kawula, malah ngangsalaken sih kadarman kangge kawula wonten ing ngarsanipun para ratu ing Persia temah sami kaparingan adheng, saged mbangun padalemaning Allah kawula sarta ngadegaken malih jugruganipun, sarta malih kaparingan tembok pangayoman wonten ing tanah Yehuda saha ing Yerusalem.

10. Nanging lah samangke, dhuh Allah kawula, sasampunipun punika sadaya kawula badhe matur punapa? Amargi kawula sampun nglirwakaken pepaken Paduka,

11. ingkang sampun Paduka dhawuhaken lumantar para abdi Paduka, para nabi punika, kanthi pangandika: Tanah kang sira parani lan bakal sira darbeki iku tanah kang najis, marga saka kanajisane para kang manggon ing tanah iku, iya marga saka anggone padha tumindak rusuh nistha kanthi kanisthane ana ing saindenging nagara wiwit ing poncot tekan ing poncot.

12. Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Ezra 9