Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 7:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. ingsun wus ngundhangake dhawuh menawa saben wong ing karajaningsun kang kagolong wong Israel lumrah utawa para imame lan para wong Lewi, menawa duwe karep arep bali menyang Yerusalem, iku kalilan mangkat mbarengi lakunira.

14. Sarehne sira iku kautus dening Sang Prabu lan para juru-pirembag pitu, supaya nitipriksa tanah Yehuda lan Yerusalem wewaton angger-anggere Allahira kang dadi gondhelanira,

15. sarta nggawaa selaka lan mas kang dadi pisungsunge manasuka saka Sang Prabu lan para juru-pirembage konjuk marang Allahe Israel kang akedhaton ana ing Yerusalem

16. apadene sakehe selaka lan mas kang bakal sira tampani saka ing satlatahe propinsi Babil kabeh, sarta pisungsung manasuka sesaosane rakyat lan para imam kang kanggo marang padalemane Allahe ing Yerusalem,

17. mulane dhuwite sira anggoa tuku kanthi setiti sapi-sapi lanang, wedhus-wedhus gembel lanang lan cempe-cempe wedhus gembel kalawan kurban dhaharan lan kurban unjuk-unjukan, nuli padha sira saosna ing misbyah padalemane Allahira kang ana ing Yerusalem.

18. Dene mungguh kekarene mas lan selaka mau, sira lan para sadulurira kepareng migunakake iku kanggo apa bae kang padha sira anggep becik tumraping pangibadah ana ing padalemaning Allahira. Iku caosna marang Gusti Allahira.

19. Ngemungna prabot-prabot bae kang dipasrahake marang sira kanggo pangibadah ana ing ngarsane Allahira ing Yerusalem.

20. Dene liyane sapira kang isih dibutuhake kanggo padalemaning Allahira, kang wragade dadi tanggunganira, iku kena sira bayar saka ing gedhong rajabrananing karajan.

21. Sawuse iku, ingsun, Sang Prabu Artahsasta wus ngundhangake dhawuh marang sakehing juru gedhong ing tlatah sabrange bengawan Efrat mangkene: Apa sapanjaluke Imam Ezra, ahli Torete Gusti Allahing swarga, kudu katindakake kanthi nastiti,

22. kena nggunakake selaka nganti kehe satus talenta, gandum nganti satus kor, anggur nganti satus bat, lenga uga satus bat, lan uyah tanpa wates.

maca bab lengkap Ezra 7