Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 6:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Para tetuwane wong Yahudi padha mbanjurake anggone mbangun kanthi rancag, kaangsegake dening pamecane Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho; iku iya nganti rampung miturut dhawuhe Gusti Allahe Israel lan dhawuhe Sang Prabu Koresy tuwin Sang Prabu Dharius, apadene Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia.

15. Rampunge padaleman iku nalika tanggal kaping telu sasi Adar, iya iku ing taun kang kaping neme jaman paprentahane Sang Prabu Dharius.

16. Wong Israel, para imam lan para wong Lewi tuwin wong liyane kang padha bali saka ing pambuwangan, banjur padha mahargya anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah iku kalawan bungah-bungah.

17. Anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah mau nganggo nyaosake kurban arupa sapi lanang satus, wedhus gembel lanang rong atus lan cempe wedhus gembel patang atus, sarta minangka kurban pangruwating dosa kanggo wong sabangsa Israel kabeh arupa wedhus berok lanang rolas, miturut cacahe talere Israel.

18. Kejaba iku uga mrenahake para imam ing golongane dhewe-dhewe lan para wong Lewi ing perangane dhewe-dhewe, gegayutan karo anggone padha nglakoni pangibadah marang Gusti Allah kang dedalem ana ing Yerusalem, nyondhongi kang tinulis ing kitabe Nabi Musa.

19. Lan ing tanggal patbelas sasi kapisan wong kang padha bali saka pamboyongan padha ngriyayakake Paskah.

20. Sarehne para imam lan para wong Lewi iku padha sesuci barengan, mulane kabeh padha dadi suci. Banjur padha nyembeleh cempening Paskah kanggo sakehing wong kang padha bali saka ing pambuwangan lan kanggo sadulur-sadulure, yaiku para imam, sarta kanggo awake dhewe.

21. Dene kang padha mangan yaiku wong Israel kang padha mulih saka ing pambuwangan lan uga saben wong kang ngedohi kanajisane para bangsa kang manggon ing kono sarta banjur manunggal karo wong Israel sumedya ngabekti marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

22. Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.

maca bab lengkap Ezra 6