Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 1:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Dene sapa-sapaa kang isih kari, ana ing ngendi-endia bae anggone neneka, iku dibiyantonana dening wong kang manggon tunggal sapanggonan selaka lan emas tuwin dandanan apadene kewan, karo maneh kang rupa pisungsung manasuka kanggo padalemane Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.”

5. Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem.

6. Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.

7. Sang Prabu Koresy uga dhawuh ngwedalake pirantine padalemane Sang Yehuwah kang wus dijarah dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem lan diselehake ana ing kabuyutane allahe.

8. Prabu Koresy ratu ing Persia mau anggone ngwedalake iku dipanggedheni dening Sang Mitredat, wedana gedhong kraton, kang nacahake iku kabeh ana ing ngarsane Sang Sesbazar, panggedhene bangsa Yehuda.

9. Iki pratelane: bokor mas telung puluh, bokor selaka sewu, lading sangalikur,

10. tuwung mas telung puluh, tuwung selaka patang atus sepuluh, piranti liya-liyane sewu.

11. Sakehing piranti mas lan selaka iku gunggunge limang ewu patang atus.Iku kabeh digawa Sesbazar, nalika para wong buwangan mau padha kairid mulih saka ing tanah Babil menyang ing Yerusalem.

maca bab lengkap Ezra 1