Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 9:30-32 Kitab Sutji (JAV)

30. Banjur padha kintun serat marang sakehing wong Yahudi ing dhaerah satus pitulikur, wewengkoning karajane Sang Prabu Ahasyweros, kanthi tetembungan; salam pandonga lan kamantepan,

31. supaya padha ngriyayakake dina Purim iku ing wektu kang wus katemtokake, miturut dhawuhe Sang Mordekhai, priyagung Yahudi mau lan Sang Prameswari Ester, sarta miturut kasaguhane ngestokake tumrap ing awake dhewe lan saturun-turune, bab prakara puwasa lan patangisan.

32. Mangkono dhawuh undhang-undhange Sang Prameswari Ester kang netepake pranatan Purim iku, sarta banjur kacathetan ana ing buku.

maca bab lengkap Ester 9