Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 8:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. tunggal dina ana ing sakehing dhaerah wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, tanggal ping tetulas, sasi kang kaping rolas, yaiku sasi Adar.

13. Turunane layang iku kudu diundhangake ana ing saben dhaerah, sarta banjur kudu digiyarake marang sarupaning para bangsa, dene wong Yahudi padha siyaga ing dina mau, bisaa nandukake piwales marang satrune.

14. Marga saka dhawuhe Sang Prabu mau, para pelayangan kilat padha enggal-enggal lan sarwa kesusu mangkat nunggang jaran kraton kang banter playune; undhang-undhang iku kawetokake saka ing beteng kadhaton Susan.

15. Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.

16. Wong Yahudi padha lega atine lan ngrasakake kabungahan, kasenengan lan kaurmatan.

17. Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.

maca bab lengkap Ester 8