Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 2:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Ing kono para abdi kang ngladosi ana ing ngarsane, padha duwe atur mangkene: “Sang Prabu mugi kapadosna lare-lare estri, prawan ingkang endah ing warni,

3. Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,

4. lan pundi ingkang dados keparengipun Sang Prabu punika kajunjunga dados Prameswari, nggentosi kalenggahanipun Sang Putri Wasti.” Atur pirembag kang kaya mangkono iku kadhahar dening Sang Prabu, tumuli katindakake mangkono uga.

5. Ing nalika samana ing beteng kadhaton Susan ana sawenehing wong Yahudi, jenenge Mordekhai bin Yair bin Simei bin Kisy, wong Benyamin,

6. panunggalane para wong buwangan, kang kaangkatake saka ing Yerusalem bareng karo Sang Prabu Yekhonya, ratu ing Yehuda, nalika panjenengane kaangkatake menyang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.

maca bab lengkap Ester 2