Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 2:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse lelakon iku mau, bareng dukane Sang Prabu Ahasyweros wus sirep, panjenengane kengetan marang Sang Putri Wasti, lan apa kang wus ditindakake sarta mungguh tibaning putusan tumrap ing sarirane.

2. Ing kono para abdi kang ngladosi ana ing ngarsane, padha duwe atur mangkene: “Sang Prabu mugi kapadosna lare-lare estri, prawan ingkang endah ing warni,

3. Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,

4. lan pundi ingkang dados keparengipun Sang Prabu punika kajunjunga dados Prameswari, nggentosi kalenggahanipun Sang Putri Wasti.” Atur pirembag kang kaya mangkono iku kadhahar dening Sang Prabu, tumuli katindakake mangkono uga.

maca bab lengkap Ester 2