Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ester 1:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Sang Prabu tumuli ndangu marang para wicaksana, kang ngreti adat-tata-cara ing jaman samana, -- ujer kaya kaya mangkono iku lumrahe, sabarang prakara kang magepokan karo Sang Nata iku karembug dening sakehing para ahli angger-angger lan pangadilan;

14. dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan -- pandangune Sang Prabu:

15. “Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.”

16. Sang Memukan banjur matur ana ing ngarsane Sang Prabu lan para panggedhe: “Sang Prameswari Wasti anggenipun kagungan kalepatan punika boten namung dhumateng Sang Prabu kemawon, nanging ugi dhateng sakathahipun para pangageng sarta dhateng sakathahipun para bangsa, ingkang wonten ing tlatah wewengkonipun Sang Prabu Ahasyweros sadaya.

17. Amargi tindak-tandukipun Sang Prameswari punika badhe sumebar nular dhateng sakathahipun para wanita, temahan sami nyamah dhateng kakungipun, manawi kepireng makaten: Sang Prabu Ahasyweros dhawuh supaya Sang Prameswari kasowanake ing ngarsane, nanging Sang Prameswari ora karsa sowan.

18. Ing dinten punika semahipun para pangageng ing Persia kaliyan ing Media ingkang sami mireng bab tindak-tandukipun Sang Prameswari punika wau, mesthi sami reraosan bab punika kaliyan semahipun, temahan badhe nuwuhaken raos ngremehaken saha kanepson ingkang boten wonten telas-telasipun.

19. Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.

maca bab lengkap Ester 1