Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 8:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. Ing sajroning wahyu iku aku ndeleng -- aku ana ing beteng Susan ing wewengkoning tanah Elam nalika ndeleng iku -- aku ndeleng ing sajroning wahyu iku, aku lagi ana ing sapinggiring kali Ulai.

3. Aku ndengengek banjur weruh wedhus gembel lanang ngadeg ing sangareping kali iku; sungune loro dawa-dawa, nanging kang siji luwih dawa tinimbang sijine, dene kang dawa iku thukule keri.

4. Aku ndeleng wedhus gembel lanang iku mbijig mangulon, mangalor lan mangidul, lan ora ana kewan siji-sijia kang bisa lestari ana ing ngarepe lan ora ana kang bisa nguwalake saka ing pangwasane; wedhus mau tumindak sakarep-karep lan dadi gumedhe.

5. Nanging sajrone aku nyawang iku mau, nuli ana wedhus berok lanang teka saka ing kulon, kang ndlajahi salumahing bumi tanpa ngambah lemah; sarta wedhus berok lanang iku ana sungune kang aneh siji kaprenah ing selaning matane.

6. Wedhus iki banjur marani wedhus gembel lanang kang sungune loro, kang dakdeleng ngadeg ing sangarepe kali mau, tumuli ditempuh sarosane.

7. Aku sumurup anggone nyedaki wedhus gembel lanang iku; marga saka nepsune wedhus gembel lanang mau banjur dibijig, sungune loro pisan dipokah; wedhuse gembel lanang iku ora duwe kakuwatan kanggo nanggulangi, malah banjur dibanting ing bumi, diidak-idak, lan ora ana kang nguwalake wedhus gembel lanang iku saka pangwasane.

8. Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit.

9. Sungune mau ana siji kang kathukulan sungu cilik, kang tumuli dadi gedhe banget, thukule mangidul, mangetan lan ngadhepake Tanah Endah,

10. gedhene nganti tekan ing wewengkoning wadya-balaning langit lan wadya-balaning langit iku, yaiku lintang-lintang, ana sawatara kang katibakake ing bumi sarta banjur kaidak-idak.

11. Malah ana ing ngarsane Ratuning wadya-bala mau iya ngatonake gumunggunge, kurban kang kacaosake marang Panjenengane saben dina, iku karebut, sarta padalemane kang suci dirubuhake.

12. Nuli nganakake tata-panembah kang duraka kanggo nyalini kurban dinan; kabeneran kabanting ing bumi, sarta apa bae kang katindakake, kabeh kelakon.

13. Aku banjur krungu wong suci ngandika lan banjur ana wong suci liyane kang ndangu marang kang ngandika mau mangkene: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadya-bala kang diidak-idak?”

14. Tumuli kaparingan wangsulan mangkene: “Nganti rong ewu telung atus sore lan esok, sawuse iku papan suci mau bakal kapulihake maneh kaanane ing sabenere.”

15. Sajrone aku, Dhaniel, ndeleng wahyu iku lan ngudi bisane mangreti, banjur ana kang jumeneng ana ing ngarepku, kang katon kaya priya;

16. tuwin aku krungu swaraning manungsa saka ing satengahing kali Ulai kang dhawuh mangkene: “He, Gabriel! Wong iku sumurupna marang tegese wahyu iku!”

17. Iku banjur nyelaki aku: bareng wus celak, aku kaget lan tiba kerungkep. Aku banjur dipangandikani: “Mangretia, he anaking manungsa, wahyu iku tumuju marang jaman wekasan!”

maca bab lengkap Dhaniel 8