Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 8:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Malah ana ing ngarsane Ratuning wadya-bala mau iya ngatonake gumunggunge, kurban kang kacaosake marang Panjenengane saben dina, iku karebut, sarta padalemane kang suci dirubuhake.

12. Nuli nganakake tata-panembah kang duraka kanggo nyalini kurban dinan; kabeneran kabanting ing bumi, sarta apa bae kang katindakake, kabeh kelakon.

13. Aku banjur krungu wong suci ngandika lan banjur ana wong suci liyane kang ndangu marang kang ngandika mau mangkene: “Nganti pira lawase tumindaking wahyu iki, yaiku kurban dinan lan duraka kang ngrusak, papan suci kang dipasrahake lan wadya-bala kang diidak-idak?”

14. Tumuli kaparingan wangsulan mangkene: “Nganti rong ewu telung atus sore lan esok, sawuse iku papan suci mau bakal kapulihake maneh kaanane ing sabenere.”

15. Sajrone aku, Dhaniel, ndeleng wahyu iku lan ngudi bisane mangreti, banjur ana kang jumeneng ana ing ngarepku, kang katon kaya priya;

16. tuwin aku krungu swaraning manungsa saka ing satengahing kali Ulai kang dhawuh mangkene: “He, Gabriel! Wong iku sumurupna marang tegese wahyu iku!”

17. Iku banjur nyelaki aku: bareng wus celak, aku kaget lan tiba kerungkep. Aku banjur dipangandikani: “Mangretia, he anaking manungsa, wahyu iku tumuju marang jaman wekasan!”

18. Nalika panjenengane lagi ngandika marang aku mangkono iku, aku nuli semaput lan tiba kerungkep ing lemah; nanging aku banjur didemek lan diadegake maneh.

19. Sawuse mangkono aku dipangandikani: “Kowe daksumurupake marang apa kang bakal kelakon ing wekasaning bebendu, sabab bab iki tumuju marang wekasaning jaman.

20. Wedhus gembel lanang kang kokdeleng, kang sungune loro iku para ratune bangsa Medhia lan Persia.

21. Dene wedhus berok lanang kang wulune dhiwut-dhiwut iku ratu ing nagara Yunani, sarta sungu gedhe kang dumunung ing saantarane matane loro mau iku ratu kang kawitan.

maca bab lengkap Dhaniel 8