Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 7:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Kewan gedhe papat iku karajan papat kang bakal muncul ana ing bumi.

18. Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase.

19. Aku banjur kepengin oleh katrangan bab kewan kang papat, kang beda karo kewan liyane kabeh, kang medeni banget, kang untune wesi lan kukune tembaga, kang memangsa lan ngereremuk sarta kang ngidak-idak sisane kalawan sikile;

20. sarta bab sungu sapuluh kang ana ing endhase tuwin sungu liyane, yaiku sungu kang ana matane lan kang ana cangkeme kang ngucap gumunggung, kang nuli thukul njalari pothole sungu telu, apadene kang wujude luwih gedhe katimbang sungu-sungu liyane.

21. Aku nuli ndeleng sungu mau perang karo para wong suci, kang padha dikalahake,

22. nganti Kang Sepuh Yuswane mau rawuh lan maringake kaadilan marang para wong suci kagungane Kang Mahaluhur lan wus tumeka ing wancine para wong suci mau padha nyekel paprentahan.

23. Mangkene pangandikane: “Kewan kang kapat iku karajan kang kapat kang bakal ana ing bumi, kang bakale beda karo sakehing karajan lan bakal nguntal salumahing bumi kabeh, kang nuli kaidak-idak lan karemuk.

24. Sungu sapuluh iku raja sapuluh kang muncul saka ing karajan iku. Sawuse iku banjur bakal ana ratu kang muncul, kang beda karo para ratu kang dhisik sarta kang bakal ngesorake ratu telu.

25. Iku bakal ngucapake tetembungan kang nglawan marang Kang Mahaluhur, lan bakal nganiaya para wong suci kagungane Kang Mahaluhur, sarta mbudi-daya ngowahi wektu lan angger-angger, tuwin sakehe wong mau bakal kapasrahake ing astane ratu mau lawase samangsa lan rong mangsa sarta satengah mangsa.

maca bab lengkap Dhaniel 7