Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 5:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Belsyazar ndamelake bujana gedhe marang para panggedhe, abdine, cacahe wong sewu; lan sajrone kaadhep dening wong sewu iku panjenengane ngunjuk anggur.

2. Nalika lagi ngematake raosing anggur iku Sang Prabu Belsyazar dhawuh ngajokake piranti-piranti emas lan salaka kang wus kapundhut dening Sang Prabu Nebukadnezar, kang rama, saka ing Padaleman Suci ing Yerusalem, kagem ngunjuk dening Sang Prabu lan para panggedhe, abdine, para garwane padmi tuwin garwane ampeyan Sang Prabu.

3. Piranti emas lan salaka, kang kapundhut saka ing Padaleman Suci, Padalemaning Allah ing Yerusalem iku banjur padha kaajokake sarta kagem ngunjuk dening Sang Prabu, dening para panggedhe, abdine tuwin para garwane Sang Prabu kang padmi lan kang ampeyan;

4. anggone ngunjuk anggur iku kambi memuji marang dewa-dewa emas lan salaka tuwin tembaga sarta wesi apadene kayu lan watu.

5. Padha sanalika katon ana driji-drijining tangan manungsa kang nulis ing labure temboking kadhatone Sang Prabu adu-arep karo padamaran, sarta Sang Prabu mirsa kurebing tangan kang lagi nulis iku.

6. Sang Prabu banjur pucet, lan kejot marga saka kang diraos; ros-rosaning wentis dadi lemes, sarta gathik-gathik jengkune.

7. Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.”

8. Nanging sakehing wong wicaksana, abdine Sang Prabu kang wus padha sowan iku, padha ora saguh maca tulisan mau lan ora saguh ngunjukake maknane marang Sang Prabu.

9. Bareng mangkono panggalihe Sang Prabu Belsyazar kejot banget sarta banjur dadi pucet; para panggedhe, abdine iya padha kaget.

10. Awit saka pangandikane Sang Prabu lan para panggedhe, abdine mau, Sang Prameswari Ibu banjur tindak lumebet ing gedhong papaning bujana. Sang Prameswari Ibu tumuli ngandika: “Dhuh Sang Prabu, muga langgenga kasugengane! Ciptaning panggalih aja nganti ndadekake kejot lan aja dadi pucet;

11. awit ing karajane Sang Prabu ana wong kang kapenuhan ing rohe para dewa kang suci! Nalika jamane rama dalem wong iku kadunungan pepadhang, akal-budi lan kawicaksanan kang kaya kawicaksanane para dewa. Iku wus kawisudha dening Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem, dadi tetindhihe para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum,

12. amarga wong iku kadunungan roh kang linuwih lan kawruh sarta akal-budi, satemah bisa nerangake impen, narbuka bab-bab kang winadi sarta bisa ngudhar reruwed, yaiku Dhaniel kang kaparingan jeneng Beltsazar dening Sang Prabu. Mulane Dhaniel iku katimbalana saiki, mengko mesthi bakal mratelakake maknane!”

maca bab lengkap Dhaniel 5