Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 4:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Ingsun, Nebukadnezar, manggen ing dalemingsun kalawan tentrem sarta gesang kalawan suka-rena ana ing kratoningsun;

5. nuli ingsun tampi supena kang ngejotake ingsun, sarta gegambaraning supenaningsun ana ing pasareaningsun tuwin wahyu kang ingsun pirsani ora nentremake ingsun.

6. Ingsun banjur ngundhangake dhawuh, supaya sakehe wong wicaksana ing nagara Babil padha kairida sowan marang ingsun, amrih padha ngunjukna uninga marang ingsun bab maknaning supena mau.

7. Sawuse mangkono para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha sowan ngadhep sarta ingsun nuli nyariyosake supena mau marang wong-wong iku, nanging padha ora bisa ngunjuki uninga bab maknane marang ingsun.

8. Wasana Daniel sowan ing ngarsaningsun, yaiku Dhaniel kang aran Beltsazar manut asmaning dewaningsun, lan kang kapenuhan ing rohing para dewa kang suci. Iku nuli ingsun cariyosi bab supena mau:

9. He Beltsazar, kepalaning para sarjana! Ingsun mirsa, manawa sira kapenuhan ing rohing para dewa kang suci sarta manawa ora ana wewadi kang angel tumrap sira! Mulane wahyu supena kang ingsun tampi iki unjukna maknane.

10. Anadene wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku mangkene: ing tengah-tengahe bumi ana sawijining wit kang dhuwur banget;

11. wit iku dadi gedhe lan kukuh, dhuwure nganti sundhul ing langit lan nganti kena kadeleng saka ing poncot-poncote salumahing bumi kabeh.

12. Godhong-godhonge endah, wohe mbiyet, pametune dadi pangane sarupaning titah; kewan-kewan ing ara-ara padha ngeyub ing sangisore sarta manuk ing awang-awang pada nusuh ana ing pang-pange, apadene sakehing makhluk padha oleh pangan saka ing kono.

13. Sawuse mangkono ing wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku katon ana wong jaga, wong suci, kang tumurun saka ing langit;

14. iku nguwuh-uwuh kanthi sora, mangkene pangandikane: Wit iku tegoren lan pang-pange kethokana, godhonge prithilana sarta wohe sebar-sebarna; kewan-kewan cikben padha buyar saka ing sangisore, apadene manuk-manuk saka ing pang-pange!

15. Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi!

16. Atining manungsane cikben salin lan diwenehi atining kewan. Anggone mangkono iku lawase nganti pitung mangsa.

17. Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lang maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.

18. Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci!”

maca bab lengkap Dhaniel 4