Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 4:32-37 Kitab Sutji (JAV)

32. sira bakal katundhung saka ing antarane manungsa sarta bakal dedunung ana ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; sira bakal kaparingan pangan suket kayadene sapi, lan iku bakal tumanduk marang sira lawase pitung mangsa, nganti sira ngakoni, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan saged maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake!”

33. Padha sanalika pangandika iku banjur kelakon tumrap Sang Prabu Nebukadnezar, panjenengane katundhung saka ing antaraning manungsa tuwin dhahar suket kaya sapi sarta sarirane katetesan ing ebuning langit, remane dadi panjang kaya wuluning manuk garudha lan kenakane kaya kukuning manuk.

34. Nanging bareng wektu kang katemtokake wus kliwat, ingsun, Nebukadnezar tumenga marang ing langit sarta akal-budiningsun bali maneh marang ingsun. Ingsun banjur memuji marang Kang Mahaluhur lang ngluhurake sarta mulyakake Kang Gesang Langgeng, marga pangwaose iku pangwaos kang langgeng tuwin karajane iku turun-tumurun.

35. Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”

36. Nalika akal-budiningsun bali marang ingsun, kaluhuran lan kamulyaningsun uga bali marang ingsun, ndedakake misuwuring karajaningsun. Para mentriningsun lan abdiningsun para panggedhe padha methuk marang ingsun; ingsun kawangsulake marang ing karajaningsun, malah ingsun banjur tampi kaluhuran kang ngungkuli kang wus kapungkur.

37. Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.

maca bab lengkap Dhaniel 4