Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 4:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Nanging tunggake tinggalen, tumanceb ing bumi, tinalenana nganggo rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, cikben katelesan ing ebuning langit sarta bebarengan karo kewan-kewan oleh panduman suket ing bumi!

16. Atining manungsane cikben salin lan diwenehi atining kewan. Anggone mangkono iku lawase nganti pitung mangsa.

17. Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lang maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.

18. Iya iku supena kang wus ingsun tampi, ingsun, Prabu Nebukadnezar; saikine sira, Beltsazar, ngunjukna maknane marang ingsun, amarga sakehing wong wicaksana ing karajaningsun padha ora bisa ngunjukake maknane marang ingsun; nanging sira kang bisa, awit sira iku kapenuhan ing rohe para dewa kang suci!”

19. Sang Dhaniel kang asma Beltsazar banjur legeg-legeg nganti kepara suwe, kejot dening panggraitane. Sang Prabu ngandika: “Beltsazar, supena lan maknane aja nganti ngagetake sira!” Unjuke Sang Beltsazar: “Dhuh gusti kawula, supena punika mugi tumanduka dhumateng mengsahipun gusti kawula sarta maknanipun dhateng satrunipun gusti kawula!

20. Wit ingkang kapirsanan ing gusti kawula punika, ingkang dados ageng saha kekah, ingkang inggilipun ngantos sundhul ing langit saha katingal ing salumahing bumi,

21. ingkang ronipun endah-endah saha wohipun mbiyet tuwin kadunungan tetedhan kangge sadaya ingkang gesang, ingkang ngandhapipun kangge pakendelan kewan-kewan ing ara-ara saha pang-pangipun kangge nusuh peksi-peksi ing awang-awang --

22. punika gusti kawula, dhuh Sang Prabu, gusti kawula ingkang sampun dados agung saha santosa, ingkang kamulyanipun wewah-wewah ngantos sundhul ing langit, ingkang pangwaosipun ngantos dumugi ing poncoting bumi!

23. Wondene ingkang kapirsanan dening gusti kawula, inggih punika satunggaling tiyang jagi, tiyang ingkang suci, ingkang tumurun saking langit kalayan nguwuh-uwuh: Wit iki tegoren lan patenana, nanging tunggake cikben kari tumanceb ing lemah, katalenan ing rante wesi lan tembaga ana ing pasuketan kang seger ing ara-ara, lan cikben katelesan ing ebuning langit lan oleh panduman bebarengan karo kewan-kewan ing ara-ara, anggone mangkono iku nganti pitung mangsa lawase --

24. punika maknanipun makaten, dhuh Sang Prabu, saha punika putusanipun Ingkang Mahaluhur tumrap gusti kawula Sang Prabu:

25. gusti kawula badhe katundhung saking ing antawisipun manungsa saha gusti kawula badhe dedalem wonten ing satengahing kewan-kewan ing ara-ara; gusti kawula badhe kaparingan dhahar rumput, kadosdene lembu sarta gusti kawula badhe katelesan ing ebuning langit; saha gusti kawula nandhang makaten punika ngantos pitung mangsa, ngantos gusti kawula ngakeni, bilih Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged maringaken karajan wau dhateng sinten ingkang dipun karsakaken.

maca bab lengkap Dhaniel 4