Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 4:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!

2. Ingsun karsa nyariyosake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat kang wus katandukake marang ingsun dening Allah kang mahaluhur.

3. Saiba agunge pratandha-pratandhane lan saiba anggone ngedab-edabi mukjijat-mukjijate! Karajane iku karajan kang langgeng sarta paprentahane iku turun-tumurun!

4. Ingsun, Nebukadnezar, manggen ing dalemingsun kalawan tentrem sarta gesang kalawan suka-rena ana ing kratoningsun;

5. nuli ingsun tampi supena kang ngejotake ingsun, sarta gegambaraning supenaningsun ana ing pasareaningsun tuwin wahyu kang ingsun pirsani ora nentremake ingsun.

6. Ingsun banjur ngundhangake dhawuh, supaya sakehe wong wicaksana ing nagara Babil padha kairida sowan marang ingsun, amrih padha ngunjukna uninga marang ingsun bab maknaning supena mau.

7. Sawuse mangkono para sarjana, para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha sowan ngadhep sarta ingsun nuli nyariyosake supena mau marang wong-wong iku, nanging padha ora bisa ngunjuki uninga bab maknane marang ingsun.

8. Wasana Daniel sowan ing ngarsaningsun, yaiku Dhaniel kang aran Beltsazar manut asmaning dewaningsun, lan kang kapenuhan ing rohing para dewa kang suci. Iku nuli ingsun cariyosi bab supena mau:

9. He Beltsazar, kepalaning para sarjana! Ingsun mirsa, manawa sira kapenuhan ing rohing para dewa kang suci sarta manawa ora ana wewadi kang angel tumrap sira! Mulane wahyu supena kang ingsun tampi iki unjukna maknane.

10. Anadene wahyu kang ingsun tampi ana ing pasareaningsun iku mangkene: ing tengah-tengahe bumi ana sawijining wit kang dhuwur banget;

11. wit iku dadi gedhe lan kukuh, dhuwure nganti sundhul ing langit lan nganti kena kadeleng saka ing poncot-poncote salumahing bumi kabeh.

maca bab lengkap Dhaniel 4