Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 3:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,

14. Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku?

15. Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”

16. Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.

17. Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;

18. nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”

maca bab lengkap Dhaniel 3