Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 3:12-27 Kitab Sutji (JAV)

12. Wonten tiyang Yahudi sawatawis, ingkang sampun pinasrahan paprentahan ing wilayah Babil dening gusti kawula, inggih punika Sadrakh, Mesakh tuwin Abednego, tiyang punika boten sami mreduli dhateng dhawuhipun gusti kawula, dhuh Sang Prabu: sami boten memuja dhateng dewanipun gusti kawula saha sami boten nyembah dhateng reca kencana, ingkang sampun kaadegaken dening gusti kawula.”

13. Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,

14. Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Apa bener, he Sadrakh, Mesakh lan Abednego, yen sira ora padha memuja marang dewaningsun lan ora nyembah marang reca emas kang ingsun adegake iku?

15. Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”

16. Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego banjur munjuk marang Sang Prabu Nebukadnezar: “Boten wonten ginanipun abdi dalem kawula sami ngunjukaken wangsulan ing bab punika dhumateng gusti kawula.

17. Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;

18. nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.”

19. Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,

20. sarta dhawuh marang wong kang rosa sawatara saka ing antarane wadya-bala dalem supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego kabanda lan kacemplungake ing pawon kang murub iku.

21. Katelune nuli kabanda, kalawan jubahe, clanane, topine lan pangagemane liyane, banjur kacemplungake ing pawon kang murub.

22. Marga saka wantering dhawuh dalem Sang Prabu, pawon mau dipanasake luwih dening banget, nganti wong-wong kang padha ngangkat ngunggahake Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego iku padha kobong lan padha mati.

23. Nanging katelune yaiku Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego, padha dhawah sajroning pawon murub mau kalawan bebandan.

24. Sawise mangkono Sang Prabu Nebukadnezar kejot lan sanalika banjur jumeneng sarta ngandika marang para mentrine: “Kang kita cemplungake ing geni kalawan bebandan rak telu, ta?” Unjuk wangsulane para priyagung mau marang Sang Prabu: “Inggih leres, dhuh Sang Prabu!”

25. Pangandikane: “Nanging ingsun mirsa wong papat kang lumaku kalawan kapenak ana ing satengahe geni; ora padha ketaton, dene kang kapate iku rupane kaya putraning dewa!”

26. Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea!” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau.

27. Para wakil-raja, para kang ngasta pangwasa, para bupati lan para mentrining Sang Prabu padha nglempak sarta padha nguningani, yen sarirane priyagung iku padha ora mempan ing geni iku tuwin rema ing mastakane ora geseng, ageme jubah ora apa-apa, malah mambet geni bae padha ora.

maca bab lengkap Dhaniel 3