Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 2:28-39 Kitab Sutji (JAV)

28. Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten:

29. Pinuju wonten ing pasarean panjenengan dalem, dhuh Sang Prabu, kethukulan panggalih bab punapa ingkang ing tembe badhe kalampahan; sarta Panjenenganipun ingkang narbuka wewados-wewados, sampun paring uninga dhumateng gusti kawula bab punapa ingkang badhe kalampahan.

30. Wondene kawula sampun kaparingan sumerep bab wewados punika, boten margi saking kawicaksanan ingkang bokmanawi wonten ing kawula punika nglangkungi kawicaksananipun sadaya tiyang ingkang gesang, nanging punika supados maknanipun kauningakna dhumateng gusti kawula Sang Prabu, punapa dene supados gusti kawula mirsaa punapa ingkang ginalih dening gusti kawula.

31. Dhuh Sang Prabu, gusti kawula mirsa satunggaling wahyu, inggih punika satunggaling reca ingkang ageng sanget! Reca punika inggil, mencorong ngedab-edabi, ngadeg wonten ing ngarsanipun gusti kawula, sarta katingal nggegirisi.

32. Wondene reca punika, sirahipun kencana murni, dhadha kaliyan tanganipun salaka, weteng tuwin lambungipun tembaga,

33. pupunipun tosan, sukunipun saperangan tosan lan saperangan lempung.

34. Salebetipun gusti kawula mirsani, tanpa pandameling tangan manungsa, wonten sela ingkang mlesat nempuh reca wau kaleres ing sukunipun tosan saha lempung ngantos remuk.

35. Sami sanalika ingkang tosan, lempung, tembaga, salaka saha kencana sami remuk, tuwin sadaya dados kadosdene mrambut wonten ing panuton ing mangsa benter, tumunten kabur ing angin, satemah tilas-tilasipun boten wonten ingkang pinanggih. Dene sela ingkang nempuh reca wau dados redi ageng ingkang ngebaki salumahing bumi sadaya.

36. Punika supenanipun gusti kawula, lah sapunika maknanipun badhe sami kawula unjukaken dhumateng gusti kawula Sang Prabu:

37. Dhuh gusti kawula Sang Prabu, ratuning sadaya ratu, ingkang sampun kaparingan dening Allahipun saindenging langit, karajan, pangwaos, kasantosan tuwin kamulyan,

38. saha ingkang astanipun sampun kapasrahan dening Panjenenganipun, anak-anaking manungsa ing pundi-pundi panggenan, kewan-kewan ing ara-ara tuwin peksi-peksi ing awang-awang, saha ingkang kajumenenganken dados ingkang nguwaosi punika wau sadaya -- inggih gusti kawula punika ingkang jumeneng sesirah kencana wau.

39. Nanging sapengkeripun gusti kawula, badhe muncul karajan sanes, ingkang kawon agung katimbang karajanipun gusti kawula; lajeng timbul karajan malih, inggih punika ingkang angka tiga, ingkang tembagi, ingkang nguwaosi saindenging jagad sadaya.

maca bab lengkap Dhaniel 2