Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 11:25-31 Kitab Sutji (JAV)

25. Pangwasane lan kakendelane bakal dianggo nglawan ratuning nagara Kidul kalawan migunakake wadya-bala akeh; lan sanadyan ratu ing nagara Kidul iku bakal siyaga perang kalawan wadya-balane kang akeh banget lan kang linuwih, nanging ora bisa nanggulangi, awit ana pangrencana kang katujokake marang dheweke,

26. lan wong-wong kang padha mangan tunggal sameja bakal ndadekake bilaine: wadya-balane bakal kentas sarta akeh wonge kang tiwas pinatenan.

27. Ratu sakarone padha duwe kekarepan kang ala; nalika padha lungguh bebarengan ngadhep meja, padha goroh-ginorohan; nanging bab iku bakal tanpa gawe, amarga durung tumeka ing titi-mangsane wekasaning jaman kang kapesthekake.

28. Ratu ing tanah Lor iku banjur bakal bali menyang ing nagarane kalawan nggawa raja-brana akeh, sarta atine ngrancang arep nglawan Prajanjian Suci, lan iku iya tumuli katindakake, banjur mulih menyang ing nagarane.

29. Ing wektu kang wus katemtokake nuli bakal nglurugi nagara Kidul maneh, nanging kang kapindho iki ora bakal padha karo kang kapisan,

30. amarga bakal linawan dening kapal-kapale wong Kitim, satemah ilang kawanene. Nuli mulih kalawan ati kang ngancam-ancam marang Prajanjian Suci, lan bakal tumindak mangkono uga; lan sawuse bali, bakal nggatekake marang wong-wong kang padha ninggal Prajanjian Suci.

31. Wadya-balane bakal jumedhul lan bakal gawe najising papan suci, yaiku betenge, nyuwak kurban dinan lan nganakake kang ora pantes kang ngrerusak.

maca bab lengkap Dhaniel 11