Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 11:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. Ing nalika iku bakal akeh wong kang banjur gumregah nglawan ratu ing nagara Kidul; uga panunggalane bangsamu kang ambek siya bakal gumregah mbalela, temah wahyu mau bakal kelakon, nanging wong-wong mau bakal padha kajengklok.

15. Ratu ing nagara Lor tumuli bakal teka, lan ngadegake tanggul-tanggul pangepungan sarta banjur ngrebut kutha-beteng; wadya-bala ing nagara Kidul bakal ora bisa nandhingi, sanadyan para wadya-balane pepilihan iya ora bisa nanggulangi; ora ana kakuwatan kang bisa lumawan,

16. satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan.

17. Sawuse mangkono bakal banjur ngudi bisane ngwasani karajane wong liyane iku kabeh, tuwin bakal nganakake prajanjian karo dheweke, anake wadon diwenehake kanggo ngrusak karajan iku, nanging sedyane mau ora bisa kasil lan ora bakal njalari kauntungane.

18. Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau.

19. Nuli bakal nglurugi kutha-kutha beteng ing nagarane dhewe, nanging bakal kesandhung lan tiba, banjur wus ora katemu maneh.

20. Anadene kang bakal nggenteni iku wong kang kongkonan juru mupu-beya ana ing wilayah perangane karajan kang endah dhewe, nanging let sawatara dina ratu mau bakal kasirnakake ora marga saka bebendu utawa perang.

21. Banjur digenteni dening wong kang asor, kang ora kadunungan kaluhuraning ratu; nanging ora kanyana-nyana wong iku dumadakan teka lan ngrebut karajan mau kalawan patrap culika.

22. Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone.

23. Wiwit anggone gawe prajanjian kalawan dheweke, bakal atindak culika sarta bakal maju lan dadi mundhak gedhe pangwasane, sanadyan balane sathithik.

24. Ora kanyana-nyana banjur lumebu ing wilayah-wilayah ing nagara iku kang subur dhewe sarta nindakake kang durung tau dilakoni dening para bapa lan leluhure, yaiku ngawud-awud rayahan lan jarahan sarta raja-brana ana ing satengahe rakyate; uga bakal ngrerantam-rantam tumuju marang panggonan-panggonan kang ana betenge, nanging iku mung sawatara mangsa.

25. Pangwasane lan kakendelane bakal dianggo nglawan ratuning nagara Kidul kalawan migunakake wadya-bala akeh; lan sanadyan ratu ing nagara Kidul iku bakal siyaga perang kalawan wadya-balane kang akeh banget lan kang linuwih, nanging ora bisa nanggulangi, awit ana pangrencana kang katujokake marang dheweke,

maca bab lengkap Dhaniel 11