Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 11:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Raja ing nagara Kidul iku tumuli nepsu lan maju perang nglawan ratu ing nagara Lor, kang wus nglumpukake wadya-bala kang akeh, lan wadya-bala kang akeh iki bakal kaulungake ing tanganing mungsuhe.

12. Bareng wadya-bala kang akeh iku wus kabengkas, atine temah dadi gumunggung; ewadene sanadyan wus nyirnakake wong pirang-pirang puluh ewu, pangwasane ora lestari.

13. Ratu ing nagara Lor banjur bakal nglumpukake wadya-bala akeh kang kaping pindhone, luwih akeh katimbang kang kapisan, lan sawuse sawatara taun bakal nglurugi perang mungsuhe kalawan wadya-bala gedhe lan piranti perang kang akeh.

14. Ing nalika iku bakal akeh wong kang banjur gumregah nglawan ratu ing nagara Kidul; uga panunggalane bangsamu kang ambek siya bakal gumregah mbalela, temah wahyu mau bakal kelakon, nanging wong-wong mau bakal padha kajengklok.

15. Ratu ing nagara Lor tumuli bakal teka, lan ngadegake tanggul-tanggul pangepungan sarta banjur ngrebut kutha-beteng; wadya-bala ing nagara Kidul bakal ora bisa nandhingi, sanadyan para wadya-balane pepilihan iya ora bisa nanggulangi; ora ana kakuwatan kang bisa lumawan,

16. satemah ratu kang nempuh bakal tumindak sawenang-wenang, lan ora ana wong siji-sijia kang bisa nandhingi; iku bakal ngejegi Tanah Endah, lan bakal dikwasani babar pisan.

17. Sawuse mangkono bakal banjur ngudi bisane ngwasani karajane wong liyane iku kabeh, tuwin bakal nganakake prajanjian karo dheweke, anake wadon diwenehake kanggo ngrusak karajan iku, nanging sedyane mau ora bisa kasil lan ora bakal njalari kauntungane.

18. Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau.

19. Nuli bakal nglurugi kutha-kutha beteng ing nagarane dhewe, nanging bakal kesandhung lan tiba, banjur wus ora katemu maneh.

20. Anadene kang bakal nggenteni iku wong kang kongkonan juru mupu-beya ana ing wilayah perangane karajan kang endah dhewe, nanging let sawatara dina ratu mau bakal kasirnakake ora marga saka bebendu utawa perang.

21. Banjur digenteni dening wong kang asor, kang ora kadunungan kaluhuraning ratu; nanging ora kanyana-nyana wong iku dumadakan teka lan ngrebut karajan mau kalawan patrap culika.

22. Wadya-bala kang teka lan mbanjiri bakal diesatake tuwin disirnakake ana ing ngarepe, malah uga ratu sekuthone.

maca bab lengkap Dhaniel 11