Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 11:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. kayadene dhek biyen aku uga ngamping-ampingi, nyantosakake lan mbiyantu panjenengane, yaiku ing taun kapisane paprentahane Dharius, wong Medhia iku.”

2. “Awit saka iku kowe bakal daksumurupake marang bab kang nyata. Lah bakal ana ratu telu maneh kang jumeneng ana ing nagara Persia, banjur kang kapate iku bakal oleh kasugihan kang gedhe ngluwihi liya-liyane mau, sarta manawa wus dadi santosa marga saka kasugihane, tumuli bakal ngudi kalawan ngetog kakuwatan nglawan karajan Yunani.

3. Sawuse iku bakal ana ratu kang gagah prakosa, kang mrentah kalawan pangwasa kang gedhe lan tumindak ing sakarepe dhewe.

4. Nanging lagi bae madeg, karajane bakal pecah lan kaperang-perang manut keblat papat ing langit, nanging ora tumiba ing turune lan ora kadunungan pangwasa kaya dheweke; sabab karajane bakal ambruk lan banjur kadarbe dening wong liya, dudu wong-wong iki.

5. Ratu ing nagara Kidul bakal dadi santosa, nanging salah sijine senapatine pangwasane bakal ngungkuli dheweke sarta bakal nyekel paprentahan, malah pangwasane banjur dadi gedhe.

6. Sawuse sawatara taun sakarone nuli padha sekuthon: putra putrine raja nagara Kidul bakal nekani ratu ing nagara Lor lan padha nganakake prajanjian, nanging putri mau ora bakal lestari kadunungan pangwasa kang gedhe, uga turune ora bisa lestari: putri mau bakal diulungake dalasan para kang ngiringake, anak kang dilairake lan wong kang ngrabeni.

7. Anadene ing nalika iku bakal ana trubusan kang thukul tunggal saoyod karo putri mau lan bakal madeg nggenteni wong mau, iku banjur bakal nglurugi ratu ing nagara Lor lan lumebu ing betenge, sarta tumindak sawenang-wenang marang wong-wong ing kono tuwin bakal kwasa.

8. Malah para dewane lan reca-recane cithakan apadene raja-branane salaka lan emas bakal padha diusungi dadi jarahan menyang ing Mesir, banjur leren sawatara taun ora perang karo ratu ing nagara Lor.

9. Sawuse mangkono ratu iki bakal nempuh karajan ratu ing nagara Kidul, nanging iya banjur bali menyang ing nagarane dhewe.

10. Anak-anake tumuli bakal tata-tata arep perang lan nglumpukake wadya-bala akeh; banjur ana panunggalane siji kang bakal nempuh nglawan dheweke, samubarang kabeh kaeroban lan kaeleban kaya katempuh ing banjir; lan bareng nempuh kang kapindho bakal nganti tekan ing betenging mungsuhe.

11. Raja ing nagara Kidul iku tumuli nepsu lan maju perang nglawan ratu ing nagara Lor, kang wus nglumpukake wadya-bala kang akeh, lan wadya-bala kang akeh iki bakal kaulungake ing tanganing mungsuhe.

maca bab lengkap Dhaniel 11