Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 1:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Panunggalane wong mau ana kang kalebu wong Yehuda sawatara, yaiku Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya.

7. Kepala punggawa kraton mau menehi jeneng liya. Dhaniel diwenehi jeneng Beltsazar, Hananya Sadrakh, Misael Mesakh lan Azarya Abednego.

8. Anadene Dhaniel mutus ora bakal najisake awak kalawan dhaharane Sang Prabu sarta anggur kang adate diunjuk dening Sang Prabu, mulane nyuwun marang kepalaning punggawa kraton mau, supaya ora usah najisake awake.

9. Gusti Allah tumuli ngolehake sih-piwelas ana ing ngarepe kepala punggawa kraton iku;

10. nanging kepala punggawa kraton iku banjur celathu marang Dhaniel: “Aku sumelang, manawa gustiku Sang Prabu, kang wus nemtokake pangan lan ngombemu, nggalih, yen kowe katon kurang seger manawa katandhing karo para nonoman liyane barakanmu, satemah marga saka kowe, aku kagalih luput dening Sang Prabu.”

11. Dhaniel tumuli matur marang abdi dalem kang wus kaangkat dening panggedhene punggawa kraton mau dadi pangawase Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya:

12. “Panjenengan kula aturi nyobi ingkang abdi sadaya sadasa dinten laminipun, kula sami kaparingana tedha jejanganan saha ngombe toya kemawon;

13. sasampunipun punika kula aturi nandhing kawontenan kula sadaya kaliyan para neneman ingkang sami nedha dhaharanipun Sang Prabu, manawi sampun lajeng sami kadamela kadosdene ingkang panjenengan karsakaken.”

14. Panyuwune mau dijurungi, nuli padha dicoba suwene sapuluh dina.

15. Bareng wus kliwat sapuluh dina, kaanane nyata luwih becik sarta luwih lemu yen katimbang karo wong nonoman kang wus padha mangan dhaharane Sang Prabu.

16. Sabanjure abdi dalem mau saben-saben njupuk pangane lan omben-omben kang mesthine padha diombe wong-wong mau, nuli padha diwenehi jejanganan.

17. Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangreten bab wahyu lan impen rupa-rupa.

maca bab lengkap Dhaniel 1