15. Bareng wus kliwat sapuluh dina, kaanane nyata luwih becik sarta luwih lemu yen katimbang karo wong nonoman kang wus padha mangan dhaharane Sang Prabu.
16. Sabanjure abdi dalem mau saben-saben njupuk pangane lan omben-omben kang mesthine padha diombe wong-wong mau, nuli padha diwenehi jejanganan.
17. Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangreten bab wahyu lan impen rupa-rupa.
18. Bareng wektu kang katetepake dening Sang Prabu wus kliwat, yaiku anggone wong-wong mau kudu banjur disowanake, nuli padha diajak dening kepalaning punggawa kraton sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar.
19. Tumuli padha diajak ngandikan dening Sang Prabu sarta panunggalane wong-wong mau ora ana kang madhani Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya; kabeh padha suwita marang Sang Prabu.
20. Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.
21. Dhaniel anggone ana ing kono nganti ing taun kapisane paprentahane Sang Prabu Koresy.