Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 7:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. “Manungsa iku ana ing bumi rak kayadene perang,etungane umure kaya dinane wong buruh?

2. Kaya upamane batur kang kapengin marang panggonan eyub,utawa kaya buruh nganti-anti marang buruhane,

3. iya mangkono anggonku ginanjar pirang-pirang sasi kebak cilaka,sarta pirang-pirang bengi kebak pekewuh.

4. Samangsa aku mapan turu pangucapku:Besuk apa aku bakal bisa tangi?Mangka bengine mulur dawa,gawe sayah anggonku ngolang-ngaling nganti tumeka wayah repet-repet.

5. Awakku ketutupan set lan kokot-bolot,kulitku pating prentul, kang banjur mecah metu jitahe.

6. Dina-dinaku rikate ngungkuli troponging tenunan,ilange tanpa ninggal pangarep-arep.

7. Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih gesang kawula punika namung abab kemawon,sarta mripat kawula boten badhe ningali ingkang sae malih.

8. Tiyang ingkang ningali kawula sapunika, benjing sampun boten badhe ningali malih.Paduka mirsani kawula, nanging kawula sampun boten wonten.

9. Kadosdene mega ingkang lebur lajeng sirna,inggih makaten tiyang ingkang mandhap dhateng ing jagading tiyang pejah boten badhe mentas malih.

10. Boten wangsul mantuk dhateng ing griyanipun malih,boten badhe kasumerepan dening papan padununganipun malih.

maca bab lengkap Ayub 7