Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 42:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane, sawise ndongakake mitrane mau sarta diparingi tikele kang wus dadi duweke ing maune.

11. Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.

12. Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.

13. Anake kang lanang pitu lan kang wadon telu.

14. Anake wadon mau kang dhisik dijenengake Yemima, kang kapindho Kesia, lan kang katelune Keren-hapukh.

15. Ing sanagara ora ana wong wadon kang ayune kaya anak-anake Ayub, kabeh padha dipandumi warisan dening bapakne padha kaya sadulure lanang.

16. Sawuse kelakon kang kasebut ing dhuwur iki, Ayub kaganjar umur maneh satus patang puluh taun sarta menangi anak-putu nganti patang turunan.

17. Patine Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggone ngrasakake uripe.

maca bab lengkap Ayub 42