Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 42:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono Ayub banjur ngunjukake wangsulan marang Sang Yehuwah, ature:

2. “Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis,saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.

3. Paduka ndangu makaten:Sapa kang nutupi pepesthen tanpa kawruh?Sampun tetela bilih anggen kawula cariyos punika tanpa pangretosan.Ingkang boten ginayuh ing pikiran kawula punika kawula cariyosaken.

4. Paduka dhawuh: Rungokna, Ingsun bakal paring pangandika;Sira arep Sundangu, sira ngaturana wangsulan!

5. Anggen kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang,nanging sapunika kawula ningali Paduka kalayan mripat kawula piyambak.

6. Pramila tembung-tembung kawula kawula celed,sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”

7. Kacarita sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandika ing dhuwur mau marang Ayub, banjur ngandika marang Elifas, wong Teman, mangkene: “BebenduningSun mulad-mulad marang sira lan marang mitranira sakarone, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.

maca bab lengkap Ayub 42