Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 41:12-25 Kitab Sutji (JAV)

12. Ambekane ngobong areng,cangkeme metu genine.

13. Githoke kadunungan kakuwatan,pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.

14. Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.kraket ing awake ora glembyar-glembyor.

15. Atine atos kaya watu,atose kaya watu landhesaning panggilingan.

16. Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeterdadi bingung jalaran wedi.

17. Manawa dipedhangora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.

18. Wesi dirasa kaya dami,tembaga kaya kayu gapuk.

19. Panah ora bisa nglungakake,bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.

20. Gada dianggep merangsarta sumiyuting towok digeguyu.

21. Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip,manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.

22. Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil,sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.

23. Tabeting lakune sumunar,satemah samodra kakira uwan dening wong.

24. Ing salumahing bumi ora ana kang madhani,iku makhluk kang ora kadunungan wedi.

25. Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku,iku dadi ratune sakehing kewan galak.”

maca bab lengkap Ayub 41