Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 40:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna.Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!

8. Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu,kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,

9. temah Ingsun bakal ngalembana marang sira,amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”

10. “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.Iku mangan suket kaya sapi.

11. Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempengekakuwatane kang ana ing ototing wetenge!

12. Anggone ngencengake buntute kaya wit eres,otot-ototing pupune bebuletan,

13. Balung-balunge kaya pipa tembaga,ragangane kaya lantakan wesi.

14. Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;

15. gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.

16. Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,ingaling-alingan ing glagah lan rawa.

17. Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane,sarta ingubengan ing wit truntum.

18. Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,atine iya enak-enak bae.

19. Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”

maca bab lengkap Ayub 40