Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 40:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,atine iya enak-enak bae.

19. Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”

20. “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing,utawa njiret ilate nganggo tali?

21. Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge,utawa nyublesake gantholan ing uwange.

22. Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira,utawa bisa calathu alus marang sira?

23. Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira,temah banjur sira dadekake batur ing salawase?

24. Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk,sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?

25. Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak,utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?

26. Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok,utawa endhase kalawan cempuling?

27. Tanganira sira tumpangna ing endhase!Elinga marang anggone tarung! --Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!

maca bab lengkap Ayub 40