Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 4:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. wong kang kajengklok wus kokjejegake sarana pituturmu,dhengkul kang nyleyor wus kokkukuhake,

5. mangka bareng kowe dhewe wiwit ginepok, kowe banjur ngenes,bareng ketaman, ruhara atimu.

6. Rak pangabektimu marang Gusti Allah kang minangka andel-andelmu,lan katemenane lakumu kang dadi pangarep-arepmu?

7. Rasakna ta: Ngendi ana wong resik kang nemu karusakan,utawa wong temen kang tinumpes?

8. Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda,iya iku uga kang diundhuh.

9. Padha tumpes dening napasing Allah,lebur dening bantering bebendune.

10. Singane nggero, singane nggereng,untune singa nom padha rampal.

11. Singa tua mati marga kekurangan memangsan,sarta anake singa wadon padha buyar.

12. Aku wus binisikan pitutur,tembung kang dibisikake iya wus tinampan dening kupingku,

13. sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi,ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,

14. aku ketaman ing wedi lan geter,kang njalari balung-balungku gumeter.

15. Nuli ana roh liwat ing ngarepku,temah wulune awakku mengkorog kabeh.

maca bab lengkap Ayub 4