Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 4:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Singa tua mati marga kekurangan memangsan,sarta anake singa wadon padha buyar.

12. Aku wus binisikan pitutur,tembung kang dibisikake iya wus tinampan dening kupingku,

13. sajrone ngrasak-ngrasakake impen-impen ing wayah bengi,ing wektune wong kecandhak ing turu kepati,

14. aku ketaman ing wedi lan geter,kang njalari balung-balungku gumeter.

15. Nuli ana roh liwat ing ngarepku,temah wulune awakku mengkorog kabeh.

16. Nalika mandheg ana ing ngarepku, aku ora bisa niteni rupane.Ana kang cumetha ing pandelengku, aku nuli krungu swara mbisiki mangkene:

17. Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah,apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?

18. Lah ta Gusti Allah ora pitados marang para abdine,malah sanadyan para malaekate iya kapirsan anggone kesasar,

maca bab lengkap Ayub 4