Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 37:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. awitdene salju dipangandikani: Tibaa ing bumi!Lan marang udan deres sarta udan kang gumrojog dhawuhe: Deresa!

7. Saben wong tangane katalenan lan kaparingan cap,supaya kabeh wong nyumurupi pakaryane.

8. Kewan alasan padha lumebu ing papan pandhelikanelan mapan ana ing guwa-guwane.

9. Prahara jumedhul saka ing gedhonge,lan hawa adhem saka ing lor.

10. Napasing Allah njalari dumadining es,lan lumahing banyu dadi njendhel.

11. Mega dimomoti banyu,lan mendhung mencarake kilate,

12. kilate nuli nyamber-nyamber menyang ing ngendi-endi manut ing sapitedahe,lan ana ing bumi nindakake kabeh kang kadhawuhake;

13. Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuanekagem nggebag isining bumineapa kagem mbabarake sih-susetyane.

14. Iku kabeh rungokna, heh Ayub,menenga lan nggatekna marang kaelokan-kaelokaning Allah.

15. Apa kowe sumurup kapriye anggone Gusti Allah paring tugas marang iku kabehlan anggone nyunarake cahyane saka ing mendhunge?

16. Apa kowe ngreti bab lakuning mendhung,lan bab kaelokan-kaelokane Kang Mahamirsa,

17. kowe, kang krasa marang angeting panganggo,manawa bumi meneng marga kena panasing angin saka kidul.

maca bab lengkap Ayub 37