Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 37:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. “Nyata iku ndadekake gumetering atikunganti njingkat saka ing panggonane.

2. Rungokna, rungokna gumludhuging swarane,gludhug kang metu saka ing tutuke.

3. Kang linepasake ing sauruting jembare langitlan uga kilate menyang ing poncot-poncoting bumi.

4. Sawuse mangkono Panjenengane kadherekake ing swara gumuruh,gumludhug swaraning kaluhurane.Manawa swara iku keprungu Panjenengane ora ngeman bledhege.

5. Gusti Allah ngedalake swara gumleger kang ngebat-ebati.Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita,

6. awitdene salju dipangandikani: Tibaa ing bumi!Lan marang udan deres sarta udan kang gumrojog dhawuhe: Deresa!

7. Saben wong tangane katalenan lan kaparingan cap,supaya kabeh wong nyumurupi pakaryane.

8. Kewan alasan padha lumebu ing papan pandhelikanelan mapan ana ing guwa-guwane.

9. Prahara jumedhul saka ing gedhonge,lan hawa adhem saka ing lor.

10. Napasing Allah njalari dumadining es,lan lumahing banyu dadi njendhel.

11. Mega dimomoti banyu,lan mendhung mencarake kilate,

12. kilate nuli nyamber-nyamber menyang ing ngendi-endi manut ing sapitedahe,lan ana ing bumi nindakake kabeh kang kadhawuhake;

13. Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuanekagem nggebag isining bumineapa kagem mbabarake sih-susetyane.

14. Iku kabeh rungokna, heh Ayub,menenga lan nggatekna marang kaelokan-kaelokaning Allah.

maca bab lengkap Ayub 37