Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 33:25-32 Kitab Sutji (JAV)

25. Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom,dadi kaya nalika isih nom.

26. Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake,temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena,lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.

27. Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene:Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake,ewadene aku ora kawales.

28. Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur,lan uripku bakal weruh pepadhang.

29. Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allahkang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa,

30. karsane mbalekake nyawane saka ing kubursatemah kasorotan ing cahyaning urip.

31. He Ayub, gatekna, rungokna aku,menenga, aku kang guneman.

32. Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku:kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe.

maca bab lengkap Ayub 33