Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 33:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Nyawane wus nyedhaki kubur,sarta uripe nyedhaki pati.

23. Manawa ana malaekat ing sandhinge,kang dadi panengah, siji ing antarane sewu,kang kadhawuhan mratelakake kabeneraning manungsa,

24. ing kono Gusti Allah bakal paring kawelasan pangandikane:Uculna wong iku, supaya aja nganti mudhun marang ing kubur,Ingsun wus oleh panebus.

25. Wong mau banjur kasegerake awake kaya wong nom,dadi kaya nalika isih nom.

26. Samangsa nyenyuwun marang Gusti Allah, Panjenengane iya karsa midhangetake,temah ndeleng wadanane kalawan suka-pirena,lan Gusti Allah banjur mangsulake kabenerane marang manungsa.

27. Wong mau nuli bakal nyaritani marang wong-wong liyane adhapur kidung mangkene:Aku wus nglakoni dosa lan kang jejeg wus dakbengkokake,ewadene aku ora kawales.

28. Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur,lan uripku bakal weruh pepadhang.

29. Kabeh iki nyata-nyata pakaryaning Allahkang ping pindho, ping telu tumanduk marang manungsa,

30. karsane mbalekake nyawane saka ing kubursatemah kasorotan ing cahyaning urip.

31. He Ayub, gatekna, rungokna aku,menenga, aku kang guneman.

32. Manawa ana kang bakal kokkandhakake, wangsulana aku:kandhaa, awit aku kapengin bisa mbenerake kowe.

33. Manawa ora, rembugku rungokna;kowe menenga, aku arep nyumurupake kawicaksanan marang kowe.”

maca bab lengkap Ayub 33