Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 31:29-36 Kitab Sutji (JAV)

29. Manawa aku tau bungah marga satruku kacilakan,lan surak-surak, manawa dheweke katempuh ing kasangsaran --

30. aku ora bakal ngolehake cangkemku gawe dosa,mujekake matine kalawan sumpah --

31. Manawa wong-wong ing tarubku ora muni:Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --

32. malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba,lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --

33. Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam,kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,

34. awit aku pakewuh marang masarakatlan wedi marang panacade sanak-sadulur,satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!

35. Ah, bok ana kang ngrungokake aku ya!-- ya iki tandha-tanganku! Kang Mahakwasa muga karsaa paring wangsulan marang aku! --Lan bok iya ana layang pandakwa kang katulis dening lawananku!

36. Temenan, layang iku bakal dakpanggullan dakanggo kayadene makutha.

maca bab lengkap Ayub 31