Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 31:19-34 Kitab Sutji (JAV)

19. manawa aku weruh wong mati marga tanpa sandhangan,utawa wong miskin kang ora duwe kemul,

20. lan bangkekane ora njalukake berkah akutuwin awake ora diangetake nganggo wuluning wedhusku;

21. manawa aku tau ngagagake tanganku marang bocah lola,marga aku weruh wong kang mbiyantu aku ana ing saketheng,

22. cikben balungku walikat kapisah saka ing bauku,sarta lengenku cikben kaputung saka ing ros-rosane.

23. Amarga cilaka kang saka ing Allah ndadekake wediku,tuwin aku tanpa daya ana ing ngarsaning kaluhurane.

24. Manawa kang dakpracaya iku emaslan aku calathu marang kencana:kowe kang dadi andel-andelku

25. manawa aku bungah marga saka gedhening kasugihankulan marga tanganku ngolehake raja-brana nganti akeh banget,

26. manawa aku tau nyawang srengenge nalika sumorot,lan rembulan anggone lumaku kalawan kaendahan,

27. satemah meneng-meneng atiku kenyut,lan banjur aweh cucupan tangan,

28. iku uga dadi durakakang pantes diukum dening hakim,amarga aku nyelaku Gusti Allah kang ana ing ngaluhur.

29. Manawa aku tau bungah marga satruku kacilakan,lan surak-surak, manawa dheweke katempuh ing kasangsaran --

30. aku ora bakal ngolehake cangkemku gawe dosa,mujekake matine kalawan sumpah --

31. Manawa wong-wong ing tarubku ora muni:Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane --

32. malah sanadyan wong manca ora tau ana kang nginep ing jaba,lawangku padha kawengakake kanggo wong lelungan! --

33. Manawa aku nutupi panerakku kayadene Rama Adam,kalawan ndhelikake kaluputanku ana ing sajroning atiku,

34. awit aku pakewuh marang masarakatlan wedi marang panacade sanak-sadulur,satemah aku banjur meneng bae lan ora metu saka ing lawang!

maca bab lengkap Ayub 31