Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 31:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. “Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku,mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!

2. Awit apa ta kang dadi ganjaran kang kapesthekake dening Gusti Allah saka ing ngaluhur,lan apa ta kang dadi panduman kang katetepake dening Kang Mahakwasa saka ing ngaluhur?

3. Apa dudu bilai tumrap wong kang luput,lan kacilakan tumrap wong kang nindakake piala?

4. Apa dudu Gusti Allah kang mirsani dalanku,lan kang ngetang sakehing jangkahku?

5. Manawa aku tau srawungan karo ujar pagorohanutawa sikilku enggal-enggal marani kaculikan,

6. muga aku ditimbanga ing traju kang tliti,ing kono Gusti Allah bakal uninga,manawa aku ora duwe kaluputan.

7. Manawa lakuku nyimpang saka ing dalan,lan atiku nuruti pamandenging mripatku,sarta tanganku katemplekan ing rereged,

8. apa kang daksebar cikben dipangan wong liya,lan apa kang thukul kanggo aku cikben dibedholi.

9. Manawa atiku katarik marang wong wadon,sarta aku ngadhang ana ing lawanging pepadhaku,

10. bojoku cikben nggilingake wong liya,lan cikben diajak turu wong liya.

11. Awit iku tindak kang rusuh,malah iku piala kang pantes diukum dening hakim.

12. Iku sanyatane geni kang memangsa nganti entek,sarta nggesengake kabeh pametuku.

13. Manawa aku tau ora mikir marang hake baturku lanang utawa wadon,nalika prakaran karo aku,

14. apa daya-kakuwatanku, manawa Gusti Allah banjur jumeneng,manawa Panjenengane nganakake papriksan,aku ngunjukake wangsulan kapriye?

15. Apa dudu Panjenengane kang nitahake aku ana ing guwa-garba, lan kang uga nitahake wong mau?Rak mung siji ta kang nganakake aku kabeh ana ing guwa-garba?

16. Manawa aku tau nduwa pepenginane para wong cilik,njalari mripating randha dadi bengep

17. utawa panganku dakpangan dhewe,mangka anak yatim ora melu mangan

18. -- malah kayadene bapa anggonku nggedhekake bocah mau,sarta anggonku nuntun wiwit ana ing guwa-garbane biyunge --

maca bab lengkap Ayub 31